Kamis, 12 Maret 2015

Pidato Bahasa Jawa Tentang Bahaya Merokok

Diposting oleh Savira's Blog di 18.46
Sesorah Bahayane Ngrokok

Assalamu’alaikum Wr. Wb
              Ingkang kinurmatan Kepala SMP 1 Ajibarang  Bapak Slamet S.Pd M.Pd. Ingkang kawulo hormati Bapak Ibu Guru lan murid murid ingkang kawulo tresnani.
              Sumonggo kita panjataken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kinten kinten kenikmatan saha kesarasan dumateng kita sedaya sahinggo kita sedaya saged makempal wonten ing mriki ngantos  mboten wonten alangan satunggal menapa.Shalawat saha salam mboten kesupen kita aturaken dumateng junjungan nabi agung Muhammad SAW ingkang kita ajeng ajeng syafa’at ing dinten akhir.
              Saderenge kulo matur dumatheng panjenengan, kulo petugas penyuluhan, nami kulo savira febriana kulo diutus saking dinas kesehatan supados nerangake kang hubungane kalih ngrokok dhateng panjenengan sedaya.
              Rokok niku gulungan tembakau ingkang dibungkus kalih sejenis kertas. Rokok kalebu zat adiktif sebab saged ndamelaken ketagihan lan ketergantungan dumateng tiyang ingkang ngisep rokok kasebut. Ing sajroning rokok niku wonten kandungan kandungan zat kimia ingkang saged mbahayaken tiyang ingkang ngerokok lan tiyang ing sekitare kebul rokok.
              Kebul rokok ngandhut luwih saka 4000 bahan kimia ingkang 200 zat racun lan 43 jenis liyane saged nyebabkake kanker. Zat kimia kasebut antarane : nikotin, tar, karbonmonoksida lan zat liyane. Zat kimia iki nimbulake jalaran yaiku ngrusak sel paru paru, jantung, ngganggu karya otak, ngrusak sirkulasi darah, lan liya-liyane.
              Upaya nyegah ngrokok yaiku mboten terpengaruh kanca, nghindar pergaulan ingkang mboten sae, ngertos bahaya ngrokok, lan nglakukna hal hal ingkang positif.
              Murid murid ingkang kawulo tresnani, mulane kita panjenengan minangka manungsa ingkang sadar kesarasan kudu ngerti bahayane ngrokok. Mbudidayakaken urip sehat kudu dimiwiti saka saiki lan tinggalake rokok sadurunge rokok ninggalake kita sedaya kaliyan macem macem penyakit.
              Cekap semanten saking kawulo mbok bilih menawi wonten klinta klintunipun kawulo nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

0 komentar:

Posting Komentar

 

Savira's Blog Copyright © 2010 Designed by Ipietoon Blogger Template Sponsored by Online Shop Vector by Artshare